I. Pilihen wangsulan kang bener kanthi cara menehi tandha ping ( X ) ing aksara A , B , C utawa D ing lembar wangsulan !
Wacan
kanggo mangsuli pitakonan nomer 1 -3
1.
Carane supaya
Mukidi gelem nembang ing ngarep kelas, kanca-kanca dikongkon ….
A.
madhep
mburi
B.
metu
kelas
C.
anteng
D.
merem lan
nutup kupinge dhewe-dhewe
2.
Ukara kang ora trep miturut wacan kasebut yaiku
....
A.
kadadeyan kasebut nalika piwulang nembang
B.
Mukidi nembang ditonton kanca-kancane
C.
Mukidi nangis amarga isin
D.
Mukidi maju nembang paling keri dhewe
3.
Pasen utawa amanat kang trep miturut wacan kasebut
yaiku ....
A.
dadi siswa aja isinan
B.
dadi guru kudu galak
C.
yen kancane maju kudu rame dhewe
D.
dadi siswa ora prelu nggatekake kancane kang lagi
maju
Tembang kanggo mangsuli pitakonan nomer 4 – 6.
4.
Guru wilangan
lan guru lagune tembang Durma kasebut yaiku .…
A.
12a,
7g, 6a, 7a, 8i, 5a, 7u
B.
12a,
7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7i
C.
12a,
7i, 6a, 7a, 8i, 6a, 7i
D.
12a,
7i, 7a, 7a, 8i, 5a, 7i
5.
Tegese tembung ing
badan priyangga saka tembang Durma kasebut yaiku ing ....
A.
sajroning
wong priya
B.
sakabehing
wong
C.
awake
wong liya
D.
awake
dhewe
6.
Surasane tembang Durma ing
dhuwur yaiku ….
A. Ala, becik, bener, lan luput kuwi saka
wong liya. Mulane urip kudu eling lan waspada, ngati-ati saka sakabehing
pitenah, lan nyingkiri pitenah
B.
Ala,
becik, bener, lan luput kuwi saka awake dhewe dudu saka wong liya. Mulane urip
kudu ngati-ati saka sakabehing pitenah, lan nglakoni pitenah
C.
Ala,
becik, bener, lan luput kuwi saka awake dhewe dudu saka wong liya. Mulane urip
kudu ngati-ati saka sakabehing pitenah, lan nyingkiri pitenah kanthi eling lan
waspada
D. Ala, becik, bener, lan luput kuwi saka
awake dhewe dudu saka wong liya. Mulane urip kudu nindakake sakabehing pitenah lan
luput
7.
Tembung gotong-royong, menawa ditulis aksara Jawa yaiku ....
A.
gt=ry=
B.
[go[toz\[ro[yoz\
C.
[go[t=oz[ro[yoz\
D.
[go[t=o[ro[y=o
8.
Kudu lila legawa.
Ukara kasebut yen
ditulis aksara Jawa yaiku ....
A.
kufulilXgw
B.
kufulillegw
C.
kudulil[lgw
D.
kudulillegw
Wacan kanggo mangsuli pitakonan nomer 9
9.
Wacan kasebut miturut isine kalebu pariwara ....
A. barang
B. jasa
C. layanan masyarakat
D. kecik
10.
Supaya
bisa narik kawigatene bebrayan, biasane pariwara dikantheni ....
A.
tulisan dawa
B.
gambar
C.
gagasan
D.
motto
Wacan
kanggo mangsuli pitakonan nomer 11 - 12.
11. Kang kudu dilakoni
dening naga supaya bisa diakoni anak dening Ki Ajar yaiku ....
A. mlaku ngubengi gunung
Merbabu
B. tapa nglengkeri
gunung Merbabu
C. nganakake sayembara
njabel sada
D. gelem dirambati
oyod-oyodan
12. Ing crita ”Dumadine
Rawa Pening” naga nglakoni tapa nglengkeri gunung meh tepung gelang nanging
kurang sakilan, mula banjur arep kasambung nganggo ....
A. tongkate
B. tangane
C. buntute
D. ilate
Wacan kanggo mangsuli pitakonan nomer 13 - 14.
Gunung Kelud Njeblug Maneh
Nalika tanggal
13 Pebruari 2014, Gunung Kelud ngalami gempa vulkanik kaping 190. Nalika jam
sanga bengi luwih limalas menit, status Gunung Kelud ditingkatake saka siaga
dadi awas, mula ing tlatah iki warga banjur padha ngungsi. Kurang luwih jam
sepuluh bengi kegiatan manungsa disterilake kang maune mung radhius limang kilo
meter diundhakake dadi radhius sepuluh kilo meter amarga Gunung Kelud wis
ngetokake lahar panas lan awu vulkanik.
Udan krikil
saka Gunung Kelud sansaya ndadi, saengga para warga kumudu-kudu ndang
diungsekake mligine warga ing tlatah Kecamatan Ngancar, Kediri lan Kota Pare
Kediri. Tlatah Wates didadekake panggonan pengungsian warga kang mapan ing
radhius sepuluh kilo meter saka Gunung Kelud. Nalika jam sepuluh bengi luwih
seket menit swara njebluge Gunung Kelud keprungu nganti Solo lan Yogja kang adohe kurang luwih 200 km saka Gunung Kelud.
13. Status gunung Kelud
diundhakake saka siaga dadi awas nalika ....
A.
tabuh sanga seprapat
bengi
B.
tabuh setengah sepuluh
bengi
C.
tabuh sepuluh kurang
seprapat bengi
D.
tabuh setengah sanga
bengi
14. Para warga kang kudu
diungseke yaiku ....
A.
warga ing tlatah Kecamatan Ngancar, lan Wates
B.
warga ing tlatah Kecamatan Ngancar, Wates lan Kota Pare Kediri
C.
warga ing tlatah Kecamatan Ngancar, Kediri
lan Kota Pare Kediri
D.
warga ing tlatah Kecamatan Wates, Kediri lan Kota Pare Kediri
15.
?wjik\kLeqikG|ljw,luwihbecikSi=p]sj.
Parikan sing etungane padha karo ndhuwur yaiku ....
A. Ngasah arit nganti landhep, dadi murid kudu
sregep
B. Abang abang ora legi, yen dirasa dadi pait
C. Pitik walik saba kebon, iku arane dadi nanas
D. Sega soto lawuh krupuk, rujak uleg gula jawa
16. Adusa nuli
mangkata .
Panulisane aksara Jawa sing bener, yaiku …
A.
?afusnulim=kt.
B.
?afusSnulimztT.
C.
?afusSnulim=ktT.
D.
?afusnulim=k[tT.
17. Tembung
ing ngisor iki kang panulisane kurang trep yaiku ….
A.
k-aisinF|nt
B.
p]mns}gepSinau
C.
lemhregefFiresikKi
D.
xgXzlr=
18.
?bpkNe[mBda/s[tkLivCi.
Tulisan aksara Jawa iku latine ....
A.
Bapak dahar sate klinci
B.
Bapak nembe dhahar sate klinci
C.
Bapak dahar sate
kelinci
D.
Bapak nembe dahar sate
kelinci
Wacan kanggo mangsuli
pitakonan nomer 19 - 20.
19. Peksi Jatayu punika
mitranipun Prabu Dasarata.
Tembung ing ngisor kang nunggal teges karo tembung mitra, yaiku ....
A.
mungsuh
B.
sadulur
C.
kanca
D.
ingon-ingon
20. Ing pungkasanipun
lampah, peksi Jatayu kawon ing yuda mengsah Rahwana.
Ukara kasebut yen ditegesi liya yaiku ....
A. Pungkasane lakon manuk Jatayu kalah
perang mungsuh Rahwana.
B. Pungkasane lakon manuk Jatayu
menang perang mungsuh Rahwana.
C.
Pungkasane lakon manuk Jatayu unggul perang mungsuh Rahwana.
D. Pungkasane lakon manuk Jatayu mimpang
perang mungsuh Rahwana.
Wacan kanggo mangsuli pitakonan nomer 21 –
22.
21. Anoman bisa
nemoni Dewi Sinta lan ..., malah bisa ngaturake ali-aline Sri Rama menyang Dewi
Sinta.
Ukara kang trep kanggo njangkepi ukara kasebut, yaiku ....
A. Anoman
B. Dewi
Trijatha
C. Dasamuka
D. Rama Wijaya
22. Irah-irahan kang trep kanggo wacan kasebut yaiku ....
A. Anoman Duta
B. Anoman Obong
C. Senggana Lair
D. Taman Keputren
Wacan kanggo mangsuli pitakonan nomer 23
23. Kanthi
nggatekake guru lagu lan guru wilangane, cakepan tembang kasebut kalebu tembang
macapat ....
A. Sinom
B. Pangkur
C. Dhandhanggula
D. Durma
Wacan kanggo mangsuli pitakonan nomer 24
Sasmitaning ngaurip puniki
mapan ewuh yen ora weruha
tan jumeneng ing uripe
akeh kang ngaku-aku
pangrasane sampun udani
tur durung wruh ing rasa
rasa kang satuhu
rasa ning rasa punika
upayanen darapon sampurna ugi
ing kauripanira
24. Ukara kang
kagaris ngisor ing cakepan tembang kasebut duweni teges ....
A. pratandha, ngadeg, satemene
B. isi, meneng, setya
C. pratandha, jeneng, nyata
D. isi, ngadeg, setya
Wacan kanggo mangsuli pitakonan nomer 25
Lamun
sira anggeguru kaki
amiliha manungsa kang nyata
ingkang becik martabate
sarta kang wruh ing kukum
kang ngibadah lan kang wirangi
sokur oleh wong tapa
ingkang wus amungkul
tan mikir pawewehing lyan
iku pantes sira guronana kaki
sartane kawruhana
25. Andharan kang trep miturut isi
cakepan tembang kasebut yaiku ....
A. Mergurua
marang wong kang ala martabate
B. Aja golek
guru kang ngerti hukum
C. Wong kang
seneng ngibadah ora pantes didadekake guru
D. Megurua karo
wong kang ora mikir pawewehing wong liya
26. Temanten
kakung nyuntakaken isining kampil arupi arta receh/ krincing mawi dipuncampuri
uwos punapa dene ketan dhateng pangkoning temanten putri ingkang winadhahan
tilam lampus (klasa bangka).
Adicara adat manten kasebut diarani ....
A. balangan suruh
B. kacar-kucur
C. dulangan
D. bobot timbang
27. Mujudaken
satunggaling kekudangan murih temanten kakung putri, tetepa manunggal ing lair
lan batosipun, jumbuh ing reh sadaya gegayuhanipun. Satunggal lan satunggalipun sageda sami
dene nampi kawontenan kanthi tulusing manah sinartan panembah, mugi-mugi
kekalihipun sami dene saged asung saha nampi samukawis ingkang samesthinipun.
Wacan kasebut minangka pasemon adat manten ....
A. bobot timbang
B. balangan suruh
C. dulangan
D. kacar-kucur
Wacan
ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan nomer 28 –
29.
Mitoni
iku asale saka tembung pitu. Upacara adat iku dianakake nalika calon ibu
nggarbeni
pitung sasi, tujuane kanggo kaslametan calon bayi lan ibune utawa kanggo sing sipate tolak balak.
Ing tlatah tinentu, upacara iku uga diarani tingkeban.
Jabang
bayi umur pitung sasi iku wis nduweni raga sing sampurna. Dadi miturut pangertene wong jawa, etangan umur pitung sasi
iku proses
dumadine manungsa wis nyata lan sampurna utawa sapta
kawasa jati. Rerangkening acara kanggo upacara mitoni
luwih akeh tinimbang upacara ngupati. Urut- urutane yaiku siraman, nglebokake endhog pitik kampung ing
jero kain calon ibu dening calon bapak, salin rasukan, brojolan, medhot lawe,
mecahke wajan lan gayung, nyolong endhog, lan pungkasane kenduren.
28. Nalika
jabang bayi umur pitung sasi ana ing guwa garbane ibu, dianakake upacara adat
....
A. tingkeban
B. neloni
C. ngupati
D. brokohan
29. Ing ngisor
iki kang kalebu tata cara mitoni yaiku ....
A. ngidak tigan
B. pidakan jadah jenang
C. bobot timbang
D. brojolan
30.
Gambar ing sisih nuduhake upacara adat ....
A.
Sinduran
B.
Wiji dadi
C.
Sungkeman
D.
Kacar-kucur
31.
?sessian:30:fin,[ynSetaunHikuan ….
A.
;364;fin
B.
:365;fin
C. ;356:fin
D. ;367;fin
32.
?finphlwnYaikut=gl\ ….
A.
;28;O[kTobe /
B.
;22;[d[smBe /
C.
;10;[no[pmBe /
D.
;21;Ap]il\
33.
Para
siswa cacah 257 bocah melu wasana warsa.
Yen katulis
kanthi aksara Jawa dadi …
A.
?prsiSwcca\;257;[boca\[mluwsnw/s.
B.
?prsisWcca\;257;[boch[mluwsnw/s.
C.
?prsiSwcch;257;[boch[mluwsnw/s.
D.
?prsisWcch;257;[boch[mluwsnw/s.
Wacan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan nomer 34 .
Bapak Ibu guru
sarta karyawan-karyawati SMPN Danakerta ingkang kinurmatan. Para adhi kelas 7,
8, tuwin kanca-kanca kelas 9 ingkang kula tresnani.
34.
Andharan sesorah kasebut kalebu perangan sesorah
....
A.
atur pakurmatan marang para
tamu
B.
puji sokur dhumateng Gusti Ingkang Maha Welas
C.
atur panuwun dhumateng para rawuh
D.
piweling lan pangarep-arep
Wacan
ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan nomer 35.
Sumangga kita
ngonjukaken puja-puji syukur dhumateng Gusti Ingkang Maha Agung ingkang sampun
paring berkah barokah dhumateng kita sadaya, saengga saged makempal wonten ing
aula SMPN Danakerta ngriki kanthi bagas waras tanpa alangan satunggal punapa.
Para rawuh
ingkang bagya mulya. Kados ungeling unen-unen mensana in corpora sano, bilih resiking jiwa ugi nedahaken resiking
raga. Samanten ugi, karesikan badan, karesikan
lingkungan, saha papan
sanesipun ing sekolah punika
wigatos sanget.
35.
Saka pethilan sesorah kasebut, kang kalebu
perangan pambuka sesorah yaiku ....
A. Assalamualaikum
warahmatullahi wabarakatuh. Bapak saha Ibu guru ingkang dhahat kinurmatan. Para
siswa-siswi SMPN Danakerta ing kang kula tresnani
B. Para rawuh ingkang
bagya mulya. Kados ungeling unen-unen mensana
in corpora sano, bilih resiking jiwa ugi nedahaken resiking raga
C. Sumangga kita
ngonjukaken puja-puji syukur dhumateng Gusti Ingkang Maha Agung ingkang sampun
paring berkah barokah dhumateng kita sadaya, saengga saged makempal wonten ing
aula SMPN Danakerta ngriki kanthi bagas waras tanpa alangan satunggal punapa
D. Kados ungeling
unen-unen mensana in corpora sano,
bilih resiking jiwa ugi nedahaken resiking raga. Samanten ugi, karesikan badan,
karesikan lingkungan, saha papan sanesipun ing sekolah puika wigatos sanget
Wacan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan nomer 36.
Para Bapak, Ibu
guru, sarta kanca-kanca ingkang kula tresnani, kados kawuningan bilih kelas IX
sakedhap malih nglampahi ujian nasional. Namung donga saha panjurung saking
sadayanipun. Mugi-mugi kula sakanca saged nggarap ujian nasional kanthi gancar
lan saged lulus sadaya, aamiin Allahuma aamiin.
Wusana, cekap
samanten atur kula, bok manawi wonten kiranging trapsila atur kula, kula nyuwun
agunging pangapunten.
Nuwun, nuwun.
Wassalamualaikum
warahmatullahi wabarakatuh.
36.
Kang kalebu Panutup sesorah ing wacan kasebut, yaiku….
A. Para Bapak, Ibu guru,
sarta kanca-kanca ingkang kula tresnani, kados kawuningan bilih kelas IX
sakedhap malih nglampahi ujian nasional
B. Wusana, cekap samanten
atur kula, bok manawi wonten kiranging trapsila atur kula, kula nyuwun agunging
pangapunten
C. Namung donga saha
panjurung saking sadayanipun. Mugi-mugi kula sakanca saged nggarap ujian
nasional kanthi gancar
D. Nuwun, nuwun. Wassalamualaikum
warahmatullahi wabarakatuh
Wacan
ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan nomer 37.
(Kemuning
krungu tangise ibune kang lagi gegeran karo bapake. Dheweke lungguh ijen
sinambi nggawa buku, wedi yen arep matur sesuk kudu mbayar buku kasebut).
Ibu : “Bukune regane pira Ndhuk?”
(Kemuning kaget. Ora ngerti yen ibune wis ana ing sisihe awit mau.
Kemuning ngaturake kertas sing isine cathetan dhuwit sing kudu dibayar).
Ibu : “Ndhuk, matura
marang sing ndhawuhi, menawa anggone mbayar buku wulan ngarep wae!”
Kemuning : “
Moh Bu, aku isin karo kanca-kanca” ucape karo prembik-prembik.
Ibu : “ Ora usah ndadak nganggo nangis, sesuk bayara
buku kuwi!”
Kemuning : “
saestu lho bu, aku wegah ditagih-tagih terus.”
Ibu : “ Iya Ndhuk.”
37. Watake Kemuning
manut teks sandhiwara kasebut yaiku ....
A. ora pangerten marang wong tuwa
B. ngugemi janji marang wong liya
C. seneng mbiyantu wong tuwa
D. ora bisa urip mandiri
Wacan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan nomer
38.
(Kaya biasane, esuk umun-umun Jumilan
wis tangi turu. Dheweke cepet-cepet njupuk sapu kanggo nyapu latar. Kegiyatan
kasebut wis dadi kewajibane Jumilan saben dina. Dheweke eling bab kerepotane
ibune).
Ibu : “ Wis rampung durung Jum, enggala mangkat
sekolah, wis jam nem lho”
Jumilan : “ Sampun Bu, menika nembe rampung adus”
(Jumilan
nyawang Ibune sing lagi umbah-umbah klambi titipan tanggane).
Jumilan : “Bu kula mawon ingkang umbah-umbah, ibu
leren rumiyin!”
Ibu : “ Ora usah Le,
kowe sekolah wae sing sregep. Mbesuk yen gedhe uripmu ben kepenak, ora rekasa
kaya ibu”
Jumilan : “ Nggih Bu”
38. Piwulang
kang bisa dijupuk saka pethilan teks sandiwara kasebut yaiku ....
A. Yen duwe Ibu
kang uripe rekasa ora usah direwangi
B. Dadi bocah kudu
mangkat sekolah sing gasik
C. Yen arep
mangkat sekolah kudu ngrewangi wong tuwa dhisik
D. Yen arep
urip sarwa kepenak, kudu manut kandhane wong tuwa
Wacan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan nomer
39.
Esuk iku
Nawang lan Midin menyang mburi omah, sinambi omong-omongan.
Nawang : “ Kang, kepiye yen manut
panemune panjenengan? Lemah iki wis diduweni dening bapak ibune dhewe wiwit
jaman biyen. Lha kok saiki diaku jare duweke angkatan laut. Malah aku krungu
prekara iki digawa menyang pengadilan.”
Midin : “ ya kok, aku ya gumun
setaun njinggleng sarendheng, wong lemah wis dadi kampung tuwa ngene kok
bisa-bisane dadi ontran-ontran. Yen ngenani bab pengadilan kaya kandhamu iku
malah durung krungu, lha nek bocah-bocah kae embuh.” (Midin mbeneke caping karo
ngawe Tonah kang ngadeg rada adoh)
Tonah : “ Wonten napa Pak Dhe?”
Midin : “Ndhuk Nah, apa bener
yen kampunge dhewe iki wis disidangke menyang pengadilan?”
Tonah : “ Nggih Pak Dhe, kula
ngertos wonten TV, lajeng pihak angkatan laut ingkang menangaken.”
39. Miturut teks
sandiwara kasebut bab kang dirembug dening paraga yaiku ....
A. rebutan lemah warisan
B. lemah kang diaku angkatan laut
C. ontran-ontran ning kampung
D. Angkatan
laut tuku lemah kampung
Wacan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan nomer
40.
Bel mlebu kelas wis keprungu, siswa kelas 9B padha mlebu kelas.
Pak Johan : “Sugeng siyang
bocah-bocah.”
Siswa : “Sugeng siyang Pak.”
Pak Johan mirsani kahanan kelas,
Erika lan Estri lagi nyapu kelas sing reged.
Pak Johan : “ Lho kok ora ana sing
ngrewangi kancamu kuwi”
Erika : “Nggih Pak, menika
kanca-kanca sami mbucal regedan wonten ngandhap meja”
Estri : “ Ya Pak, kuwi Sastra lan Jono senenge mbuwang
kulit kacang ing ngisor meja.”
Erika : “ Hus, matur karo
Pak guru kok kaya ngono!”
40. Manut teks
sandiwara kasebut, ature Estri marang Pak guru sing bener yaiku ....
A. “ Ya Pak,
niku Satra lan Jono senenge mbucal kulit kacang ing ngisor meja”
B. “ Ya Pak,
niku sastra lan jana remene mbucal kulit kacang ing ngandhap meja.”
C. “ Nggih Pak,
menika Sastra lan Jono remenipun mbucal kulit kacang ing ngandhap meja.”
D. “Nggih Pak,
niku Satra lan Jono remene mbucal kulit kacang ing ngisor meja.”
II. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki
kanthi trep!
1.
Sebutna paugerane tembang
dhandhanggula!
a.
guru gatra
b.
guru wilangan
c.
guru lagu
d.
watake tembang
2.
Ukara iki gantinen dadi basa krama
alus!
a.
Bu Aryadi lunga menyang pasar tuku
gula.
b.
Bapak ora nyambut gawe amarga lara
untu.
3.
Ukara ing ngisor iki owahana dadi
aksara latin!
a.
?[p+nimulihse[kolh,
b.
?k+mifHj/k+utBh,
c.
?p+ik]is}gep\f+ik/i.
d.
?semutHix=anai=suket\,
4.
Jlentrehna upacara adat panggih
manten ing ngisor iki!
a. sungkeman
b. balangan suruh
5.
Tulisna tuladha panutup ing
sesorah!
Posting Komentar